Menyang kontèn

Pangutusan Nabi Muhammad saw

Saka wikishia

Pangutusan Nabi Muhammad saw tegese kaparingan kalungguhan minangka Nabi. Nabi Muhammad saw dipilih dening Gusti Allah kanggo nyebarake agama Islam. Nabi diutus nalika umure patang puluh taun, ana ing Gua Hira. Acara pangutusan iki dianggep dadi wiwitan agama Islam lan bakal mungkasi praktik nyembah brahala ing tanah Hijaz.

Wahyu pisanan kang diturunake marang Nabi Muhammad yaiku ayat-ayat pisanan Surat Al-Alaq. Sawise iku, diturunake ayat-ayat pisanan Surat Al-Muddatsir kang ngajak Nabi kanggo miwiti dakwahe.

Miturut pandangan ulama Syiah, wektu pangutusan iki kedadeyan ing tanggal 27 wulan Rajab. Mulane, ing kalangan Syiah, dina iki dirayakake minangka dina raya lan diarani Idul Mab'ats.

Pangenalan lan Pentinge

Pangutusan Nabi Muhammad saw tegese dipilih dadi Nabi lan diutus dening Gusti Allah kanggo ngajak manungsa lumebu agama Islam.[1] Acara iki dianggep dadi salah siji nikmat paling gedhe saka Gusti Allah marang umat mukmin. Para mufasir nerangake yen iki uga disinggung ing Al-Quran, contone ing Surat Ali Imran ayat 164.[2] Ayat kasebut kira-kira ngono: "Saktemene Allah wis nugrahake nikmat marang para mukmin, amarga Allah ngutus Nabi saka kalangan dhewe, kang macakake ayat-ayat Allah, ngresikake jiwa, lan mulang al-Quran lan Hikmah."

Sapérangan ayat liyané sing nyritakaké bab pangutusan iki antarané: Surat Al-Maidah ayat 19, Surat Al-Fath ayat 28, lan Surat Al-Jumu’ah ayat 2.[3]

Kondisi Jazirah Arab nalika Pangutusan

Miturut tulisanipun Ja'far Subhani, Nalika Nabi Muhammad diutus, agama sing paling akeh dianut ing Hijaz iku nyembah brahala. Mung ana sethithik wong Yahudi ing Madinah lan wong Kristen ing Najran.[4] Ana uga sethithik banget wong sing isih nganut agama tauhid (monoteisme), sing diarani "Hanif".[5] Nabi Muhammad uga kalebu ing golongan wong Hanif iki.[6]

Makarim Syirazi, wonten ing salebeting panjelasanipun Khutbah ke-89 Nahj al-Balaghah,nerangake yen wektu pangutusan Nabi iki kedadeyan kurang luwih 500 nganti 600 taun sawise diutusake Nabi-Nabi sadurunge.[7] Kondisi sosial budayane nalika iku lagi kacau, akeh perang sing ora perlu, kemiskinan parah, lan tumindak ala kayata mateni anak dhewe lan mangan sing haram wis dadi lumrah.[8]

Wiwitan Kenabian

Miturut sejarawan Mahdi Pisywayi, sadèrèngipun Nabi Muhammad saw dipunangkat dados Rasul, piyambakipun sampun nedahaken rahasia-rahasia saking alam gaib lan nampi wangsulan-wangsulan gaib.[9] Muhammad Husain Rajabi, sejarawan sanèsipun, adhedhasar riwayat saking Imam Hadi as, nyebataken bilih Nabi Muhammad saw sadèrèngipun ditunjuk dados Rasul, asring tindak dhateng Gua Hira'. Wonten ing mriku, piyambakipun ningali tandha-tandha kawasa lan rahmat Ilahi ing langit, mikir babagan kaagungan Allah, lajeng ndedonga.[10] Para sejarawan nyerat bilih nalika Nabi Muhammad saw wonten ing Gua Hira', Malaikat Jibril mudhun dhateng piyambakipun lan nedahaken ayat-ayat pambuka Surat Al-Alaq minangka wiwitan kenabian.[11] Kanthi mangkono, Nabi Muhammad saw dipunangkat dados Rasul.[12] Salajengipun, kalawan turunipun ayat-ayat pambuka Surat Al-Muddatsir, piyambakipun wiwit ngajak tiyang-tiyang saperlu iman marang agama Islam wiwit saking lingkungan griyanipun piyambak. Tiyang-tiyang ingkang paling sepisanan iman dhateng piyambakipun inggih punika Khadijah, Imam Ali as, lan Zaid bin Haritsah.[13]

Dialog Pertama Nabi karo Malaikat Wahyu

Sawetara penulis sejarah nglapurake percakapan pisanane Nabi Muhammad karo Malaikat Jibril, sing dicritakake langsung saka Nabi dhewe. Miturut tulisan Muhammad Ibrahim Ayati, Ibnu Ishaq, sejarawan abad pertama lan kalih Hijriyah, ngerti crita iki:

Rasulullah saw. ngendika: "Nalika aku lagi turu, Malaikat Jibril teka nggawa lembaran saka kain sutra. Jibril banjur ngendika, 'Maca!' Aku mangsuli, 'Aku ora bisa maca.' Banjur Jibril ngencengi awakku nganti aku rumangsa kaya arep mati. Sawise dikecakake, Jibril ngendika maneh, 'Maca!' Aku mangsuli, 'Aku ora bisa maca.' Jibril ngencengi awakku maneh nganti aku rumangsa kaya arep mati. Sawise dikecakake, Jibril ngendika maneh, 'Maca!' Aku takon, 'Apa sing arep diwaca?' (Aku ngomong ngono supaya dikecakake lan ora dienteni maneh)."

Jibril banjur ngucapake: "Iqra' bismirabbikalladzī khalaq. Khalaqal-insāna min 'alaq. Iqra' warabbukal-akram. Alladzī 'allama bil-qalam. 'Allamal-insāna mā lam ya'lam." (Tegese: "Maca kanthi jeneng Pangéranmu kang gawe kabeh. Kang gawe manungsa saka segumpal getih. Maca, lan Pangéranmu iku Maha Luhur. Kang mulang nggunakake pena. Mulang marang manungsa apa sing durung dingerteni.")[14]

Rasulullah saw. nerusake: "Aku banjur maca ayat-ayat kasebut. Sawise iku, Jibril lunga, lan aku tangi saka turu. Ayat-ayat kasebut wis kelebet ing atiku kaya tulisan sing wis terekam. Aku banjur metu saka gua. Nalika aku ana ing tengahing gunung, aku krungu swara saka langit sing ngucapake, 'Muhammad, kowe iku Utusane Allah, lan aku iki Jibril.'"[15]


Taun lan Dina Pangutusan

Miturut laporan Sayyid Ja'far Murtadha, ahli sajarah Islam lan Syiah, umume para sejarawan nyatakake yen Nabi Muhammad diangkat dadi Nabi nalika umure patang puluh taun.[16] Antarane yaiku Ya'qubi (wafat: abad kaping tiga Hijriyah) sing nyebutake yen Nabi dipilih dadi Nabi nalika umure wis 40 taun.[17] Nanging, ana uga sawetara cathetan liyane. Contone, ing buku Sirah Ibnu Ishaq (sing urip ing abad kaping siji lan kaping loro Hijriyah), saliyane nyebut umur 40 taun, ana uga cathetan sing nyebutake yen Nabi diutus nalika umure 43 taun.[18] Miturut pandangan liyane, pangutusan kedadeyan nalika Nabi umur 45 taun.[19]

Pandangan sing umum ing kalangan wong Syiah bab dina pangutusan yaiku tanggal 27 Rajab,[20] sedengake pandangan umum wong Sunni nyebutake ing wulan Ramadan.[21] Miturut cathetan sejarah at-Tabari, para ulama Sunni beda pendapat bab dina persise ing wulan Ramadan kasebut.[22] Ya'qubi lan Mas'udi (sejarawan abad kaping papat Hijriyah) duwe pandangan sing beda karo kaloro pandangan kasebut. Dheweke nyatakake yen Nabi diutus ing wulan Rabiul Awal.[23]

Kedudukan Dina Mab'ats ing Budaya Syiah

Artikel Utama: Idul Mab'ats

Ing budaya wong Syiah, tanggal 27 Rajab ditetepake minangka Idul Mab'ats (Dina Raya Pangutusan) lan dirayakake kanthi nganakake acara-acara suka cita. Dina iki dinyatakake minangka dina libur nasional ing Iran[24] lan ing sawetara wilayah ing Irak.[25]

Perangko Peringatan Hari Mab'ats(GAMBAR)

Syair Pangutusan Nabi saw

ژولیده نیشابوری

آن شب، سکوت خلوت غار حرا شکست با آن شکست، قامت لات و عزا شکست آمد به گوش ختم رسولان ندا، بخوان مُهرِ سکوتِ لعلِ بشر زان ندا شکست با خواندن نخوانده‌الفبا، طلسم جهل در سرزمین رکن و مقام عصا شکست


حمیدرضا برقعی

بشر رسید به آیین راستین امشب خدا نمود برون، دست از آستین امشب رسید حلقهٔ توحید را نگین امشب طلوع کرد رُخِ آفتابِ دین امشب ظهور مکتبِ «خیرالورا» مبارک باد طلوع نور ز غار حرا مبارک‌باد بشارت ای همهٔ دختران زنده‌به‌گور محمد آمده، پایان گرفته سلطه زور[26]

Maknane:

Joulideh Nishaburi

Wengi iku, sunyining Gua Hira pedhot. Kalawan pedhot iku, Lāt lan 'Uzza pedhot. Maring kupinge Penutup Para Rasul, ana seru: "Maca!" Segel wangsiting manungsa Lā, pedhot dening seru iku. Kalawan maca aksara sing durung diwaca, sihir kabodhan, Ing tanah Rukun lan Panggonan Tongkat, pedhot.

Hamidreza Barghi

Manungsa tekan maring agama sing bener bener wengi iki. Gusti Allah metokake, tangane metu saka lengen klambi wengi iki. Ring saka Kawunggalan, wis tekan mustikane wengi iki. Raine Srengéngé Agama wis metu wengi iki. Kemunculane ajaran "Khair al-Wara" mugi slamet. Metepe cahya saka Gua Hora mugi slamet. Warta bungah, kowe kabeh putri-putri sing dikubur urip-urip, Muhammad wis teka, kekuwatan paksa wis rampung.

Ing kitab-kitab doa, ana dicathetake amalan-amalan sunnah (sing dianjurake) kanggo dilakokake ing wengi lan dina Mab'ats.[27]

Monografi (Buku Spesialis)

  • Tarikh 'Ashr al-Bi'tsah; déning Muhammad Husain Rajabi;
  • Jahan dar 'Ashr al-Bi'tsah; déning Muhammad Jawad Bahonar lan Akbar Hasyimi Rafsanjani;
  • Tarikh al-Islam; 'Arsah-ye Digar-andishi va Guft-u-gu ('Ashr al-Bi'tsah); déning Husain 'Alizadeh lan 'Abd al-Majid Ma'adikhah;
  • Ey Jameh bar Sar Keshideh Barkhiz; Dastan-e Bi'that-e Payambar saw; déning Muhammad Reza SarShar.

Cathetan sikil

  1. Haeri, "Al-Bi'tsah", kaca 275.
  2. Thabarsi, Majma' al-Bayan, 1372 HS, jilid 2, kaca 875; Makarim Shirazi, Tafsir Nemuneh, 1371 HS, jilid 3, kaca 157-158; Fadhlullah, Min Wahy al-Qur'an, 1439 H, jilid 3, kaca 461.
  3. برخى آيات مربوط به رسالت و بعثت پيامبر(ص)» Situs Spesialis Al-Qur'an Al-Karim
  4. Sobhani, Furugh-e Abadiyat, 1385 HS, kaca 63.
  5. Sobhani, Furugh-e Abadiyat, 1385 HS, kaca 64.
  6. Sobhani, Furugh-e Abadiyat, 1385 HS, kaca 205.
  7. Makarim Shirazi, Payam-e Imam Amir al-Mu'minin as, 1386 HS, jilid 3, kaca 618.
  8. Makarim Shirazi, Payam-e Imam Amir al-Mu'minin as, 1386 HS, jilid 3, kaca 618-624.
  9. Pishvaei, Tarikh-e Islam az Jahiliyat ta Rehlat-e Payambar-e Islam saw, 1382 HS, kaca 127 lan 128.
  10. Rajabi, Tarikh-e 'Asr-e Bi'tsah, 1384 HS, kaca 68.
  11. Sobhani, Furugh-e Abadiyat, 1385 HS, kaca 215.
  12. Ayati, Tarikh-e Payambar-e Islam, 1369 HS, kaca 85-86.
  13. Ayati, Tarikh-e Payambar-e Islam, 1369 HS, kaca 89.
  14. Surat Al-Alaq, ayat 1 nganti 5.
  15. Ayati, Tarikh-e Payambar-e Islam, 1369 HS, kaca 85-86.
  16. Al-Amili, As-Sahih min Sirat an-Nabi al-A'zhom, 1426 H, jilid 2, kaca 289.
  17. Ya'qubi, Tarikh al-Ya'qubi, Dar Shadir, jilid 2, kaca 22.
  18. Ibnu Ishaq, Sirah Ibnu Ishaq, 1398 H/1978 M, jilid 1, kaca 134.
  19. Al-Amili, As-Sahih min Sirat an-Nabi al-A'zhom, 1426 H, jilid 2, kaca 289.
  20. Ayati, Tarikh-e Payambar-e Islam, 1369 HS, kaca 83; Al-Amili, As-Sahih min Sirat an-Nabi al-A'zhom, 1426 H, jilid 2, kaca 290.
  21. Ayati, Tarikh-e Payambar-e Islam, 1369 HS, kaca 84.
  22. Thabari, Tarikh ath-Thabari, 1879 M, jilid 2, kaca 44.
  23. Ayati, Tarikh-e Payambar-e Islam, 1369 HS, kaca 83; Ya'qubi, Tarikh al-Ya'qubi, Dar Shadir, jilid 2, kaca 22.
  24. «لایحه قانونی تعیین تعطیلات رسمی کشور», tercantum dalam situs Pusat Penelitian Majelis.
  25. النجف تعطّل الدوام الیوم بمناسبة المبعث النبوی(An-Najaf Menghentikan Aktivitas Hari ini dalam Rangka Peringatan Mab'ats Nabawi), tercantum dalam situs Baghdad Al-Yaum.
  26. بعثت رسول ص در شعر فارسی امروز
  27. Qummi, Mafatih al-Jinan, 1388 HS, kaca 248-255.

Daftar Pustaka

  • «النجف تعطّل الدوام الرسمي غدًا الخميس» (An-Najaf Meliburkan Kegiatan Resmi Besok Kamis), termuat dalam situs Baghdad Al-Yaum, tanggal publikasi: 7 Februari 2024 M, tanggal akses: 4 April 2025 M.
  • Ayati, Muhammad Ibrahim, Tarikh Payambar-e Islam (Sejarah Nabi Islam), Tehran, Daneshgah-e Tehran, 1369 HS.
  • Ibnu Ishaq, Muhammad bin Ishaq, Sirah Ibnu Ishaq, Beirut, 1398 H/1978 M.
  • Ansari, Muhammad Reza, "Rajab", dalam Danesynameh-ye Da'irat al-Ma'arif-e Tashayyu' (Ensiklopedia Tasyayyu', Jilid 8), Qom, Sa'id Mahbi, 1379 HS.
  • «برخی آيات مربوط به رسالت و بعثت پيامبرص» (Beberapa Ayat Terkait Kerasulan dan Pengutusan Nabi saw.), Situs Spesialis Quran Karim, tanggal akses 24 Farvardin 1404 HS.
  • «بعثت رسول‌ص در شعر فارسی امروز قلب عالم و آدم حرای توست»(Pengutusan Rasul saw. dalam Sajak Persia Modern), Kantor Berita Mehr, tanggal publikasi 5 Ordibehesht 1396 HS, tanggal akses 24 Farvardin 1404 HS.
  • Pishvaei, Mahdi, Tarikh-e Islam az Jahiliyat ta Rehlat-e Payambar-e Islam saw (Sejarah Islam dari Masa Jahiliyah hingga Wafatnya Nabi Islam saw.), Qom, Nahad-e Nema-yandegi-ye Maqam-e Mo'azzam-e Rahbari dar Daneshgah-ha, Daftar-e Nashr-e Ma'arif, 1382 HS.
  • Haeri, Sayid Mahdi, "Bi'that" (Pengutusan), dalam Danesynameh-ye Da'irat al-Ma'arif-e Tashayyu' (Ensiklopedia Tasyayyu', Jilid 3), Qom, Sa'id Mahbi, 1380 HS.
  • «دعای شب مبعث کلیات مفاتیح الجنان با ترجمه استاد حسین انصاریان»(Doa Malam Mab'ats), Situs Informasi Ustad Husain Ansarian, tanggal akses 24 Farvardin 1404 HS.
  • Rajabi, Muhammad Husain, Tarikh-e 'Asr-e Bi'that (Sejarah Masa Pengutusan), Qom, Markaz-e Amuzesh-e Elektroniki-ye Daneshgah-e Quran va Hadith, 1384 HS.
  • «زیارت امیرالمومنین حضرت امام علی(ع) در شب و روز مبعث» (Ziarah Amirul Mukminin Hazrat Imam Ali a.s. pada Malam dan Hari Mab'ats), Situs Informasi Ustad Husain Ansarian, tanggal akses 24 Farvardin 1404 HS.
  • Sobhani, Ja'far, Furugh-e Abadiyat; Tahlili az Zendegi-ye Payambar-e Akram saw (Cahaya Keabadian; Analisis Komprehensif Kehidupan Nabi saw.), Qom, Bustan-e Kitab, cap. 21, 1385 HS.
  • Thabarsi, Fadhl bin Hasan, Majma' al-Bayan fi Tafsir al-Qur'an (Lautan Penjelasan dalam Tafsir Al-Qur'an), Tehran, Nasir Khosrow, cap. 3, 1372 HS.
  • Thabari, Muhammad bin Jarir, Tarikh ath-Thabari (Sejarah ath-Thabari), Beirut, 1879 M.
  • 'Amili, Sayid Ja'far Murtadha, As-Sahih min Sirat an-Nabi al-A'zhom (Riwayat Valid Sejarah Nabi Agung), Qom, Dar al-Hadith, 1426 H.
  • Fadhlullah, Muhammad Husain, Tafsir Min Wahy al-Qur'an (Tafsir Dari Wahyu Al-Qur'an), Beirut, Dar al-Malak li ath-Thaba'ah wa an-Nashr wa at-Tawzi', cap. 3, 1439 H.
  • Qummi, Abbas, Mafatih al-Jinan (Kunci-Kunci Surga), terj. Husain Ansarian, Qom, Dar al-'Irfan, 1388 HS.
  • Makarim Shirazi, Naser, Payam-e Imam Amir al-Mu'minin as (Pesan Imam Amirul Mukminin a.s.), Tehran, Dar al-Kutub al-Islamiyah, cap. 1, 1386 HS.
  • «لایحه قانونی تعین تعطیلات رسمی کشور» (Peraturan Penetapan Hari Libur Resmi Negara), Markaz-e Pazhuhesy-ha-ye Majles-e Shura-ye Eslami, disetujui 8 Tir 1359 HS, tanggal akses: 24 Farvardin 1404 HS.
  • Makarim Shirazi, Naser, Tafsir Nemuneh (Tafsir Contoh), Tehran, Dar al-Kutub al-Islamiyah, cap. 10, 1371 HS.
  • Ya'qubi, Ahmad bin Abi Ya'qub, Tarikh al-Ya'qubi (Sejarah al-Ya'qubi), Beirut, Dar Sadir, t.t.