Menyang kontèn

Ahlul Qiblah

Saka wikishia
Naskah iki babagan Ahlul Qiblah. Kanggo ngerti babagan takfir marang Muslim, pirsani Takfir Ahlul Qiblah.

Ahlul Qiblah nuduhake kabeh wong Muslim sing nganggep ka'bah minangka kiblate. Tembung iki digunakake kanggo nyegah pengkafiran marang sesama Muslim. Nyawa, harta, lan kehormatan Ahlul Qiblah miturut umume ulama Syiah lan Sunni dianggep suci. Mula, ngafir lan matèni tawanan perang saka golongane wong-wong iki ora olih, lan ndirikake sholat jenazah kanggo wong Muslim sing wis seda saka golongane iku wajib.

Tegese

Ahlul Qiblah iku wong sing kalebu agamane Islam.[1] Mula, kabeh aliran Islam sing nganggep Ka'bah minangka kiblate kalebu Ahlul Qiblah.[2] Miturut Muhammad Jawad Mughniyyah, ahli tafsir Syiah abad kaping 14 Hijriyah, istilah Ahlul Qiblah iku padha tegese karo Ahlul Qur'an, Ahlus sahadatain, lan wong Muslim. Tegese, wong-wong sing percaya marang Allah, Nabi Muhammad saw, lan Sunnah-Sunnahé, lan sholat ngadhep arah kiblat (ka'bah).[3] Saliyané iku, Mulla 'Ali al-Qari (wafat: 1014 H), ulama mazhab Hanafi saka Ahlus Sunnah, ngandhakake yen Ahlul Qiblah iku wong sing ora nolak siji-sijine perkara dhasar ing agama. Mula, miturut para ulama Ahlus Sunnah, wong sing nolak siji perkara dhasar agama, kaya diuripakeé wong mati ing dina Kiamat, ora kalebu Ahlul Qiblah, sanajan sak umuré nglakoni ibadah.[4]

Hukum-Hukum Fikih

Nyawa, harta, lan kehormatan Ahlul Qiblah miturut umume ulama Syiah lan Sunni dianggep suci.[5] Saliyané iku, ngafir[6] lan matèni tawanan perange wong-wong iku ora olih,[7] lan ndirikake sholat jenazah kanggo wong Muslim sing wis seda saka golongane iku wajib.[8] Miturut Mulla 'Ali al-Qari, Imam Abu Hanifah lan Imam Muhammad bin Idris asy-Syafi'i ora ngafirke Ahlul Qiblah.[9] Panjenengané uga ngandhakake yen umume ahli fikih (fuqaha) Ahlus Sunnah ora ngafirke Ahlul Qiblah.[10]

Nanging, ana sawetara kelompok ing donya Islam sing ngafirke lan nganggep olih matèni pengikut aliran liya.[11] Muhammad bin Abdul Wahhab, pendiri Wahabisme, nganggep wajib matèni wong-wong sing nggawe nabi, malaikat, lan wali-wali Allah dadi pituduh lan sarana kanggo nyedhakake awake marang Allah, sanajan dheweké ngakoni Tauhid Rububiyah.[12]

Babagan an-Nawashib, al-Khawarij, lan wong Muslim sing nolak perkara dhasar agama, sanajan nganggep ka'bah minangka kiblate, wis ana putusan kafir[13] lan najis[14] marang dheweké.

Kegunaan ing Fikih

Istilah Ahlul Qiblah digunakake ing babagan hukum-hukum sing ana gandhengané karo wong sing wis seda[15] lan hukum-hukum perang (jihad).[16] Dicritakake yen umat Islam sadurunge Perang Jamal durung ngerti hukum-hukum perang nglawan Ahlul Qiblah, lan sinau babagan iku saka Imam Ali as sajrone perang kasebut.[17]

Cathetan Kaki

  1. Naraqi, Rasa'il wa Masa'il, 1422 H, jilid 2, kaca 335.
  2. Dehkhoda, Lughatname, ing tembung kunci.
  3. Mughniyyah, Tafsir al-Kasyif, 1424 H, jilid 1, kaca 231.
  4. Qari, Syarh Kitab al-Fiqh al-Akbar, 1428 H, kaca 258.
  5. Rustami, "Mamnu'iyyat Takfir Ahlul Qiblah az Negah-e Faqihan wa Mutakallimin-e Tasyayyu' wa Tasannun", kaca 71.
  6. Kanggo conto pirsani: Qari, Syarh Kitab al-Fiqh al-Akbar, kaca 258; Taftazani, Syarh al-Maqashid, 1409 H, jilid 5, kaca 228.
  7. Muntazhari, Dirasat fi Wilayah al-Faqih wa Fiqh ad-Daulah al-Islamiyah, 1409 H, jilid 3, kaca 296.
  8. Thusi, Tahdzib al-Ahkam, 1407 H, jilid 3, kaca 328.
  9. Qari, Syarh Kitab al-Fiqh al-Akbar, 1428 H, kaca 257.
  10. Qari, Syarh Kitab al-Fiqh al-Akbar, 1428 H, kaca 258.
  11. Rustami, "Mamnu'iyyat Takfir Ahlul Qiblah az Negah-e Faqihan wa Mutakallimin-e Tasyayyu' wa Tasannun", kaca 71.
  12. Muhammad bin Abdul Wahhab, Kasyf asy-Syubuhat, 1418 H, kaca 7.
  13. Naraqi, Rasa'il wa Masa'il, 1422 H, jilid 2, kaca 336.
  14. Muhaqqiq Karaki, Jami' al-Maqashid, 1414 H, jilid 1, kaca 164.
  15. Thusi, Al-Istibshar, 1390 H, jilid 1, kaca 468.
  16. Nuri, Mustadrak al-Wasa'il asy-Syi'ah, Mu'assasah Al al-Bayt as li Ihya' at-Turats - Qom, jilid 11, kaca 55.
  17. Tim Peneliti, Jihad dar Ayine-ye Riwayat, 1428 H, jilid 1, kaca 188.

Daftar Pustaka

  • Ibn Abdul Wahhab, Muhammad bin Abdul Wahhab. Kasyf asy-Syubuhat. Arab Saudi: Kementerian Urusan Islam, Wakaf, Dakwah, dan Bimbingan Kerajaan Arab Saudi, 1418 H.
  • Taftazani, Sa'duddin. Syarh al-Maqashid. Diteliti oleh Abdulrahman Umairah. Qom: Asy-Syarif ar-Radhi, 1409 H.
  • Tim Peneliti di Pusat Penelitian Islam. Jihad dar Ayine-ye Riwayat. Qom: Penerbit Zamzam Hidayat, 1428 H.
  • Rustami, Abbas Ali. ممنوعییت تکفیر اهل قبله از نگاه فقیهان و متکلمان تشیع و تسنن. Jurnal Penelitian Akidah dan Kalam, no. 30, Musim Panas 1398 HS.
  • Thusi, Muhammad bin Hasan. Al-Istibshar fi ma Ukhtulifa min al-Akhbar. Teheran: Dar al-Kutub al-Islamiyah, 1390 H.
  • Thusi, Muhammad bin Hasan. Tahdzib al-Ahkam. Teheran: Dar al-Kutub al-Islamiyah, 1407 H.
  • Qari, Mulla Ali bin Sultan. Syarh Kitab al-Fiqh al-Akbar. Disunting oleh Ali Muhammad Dandal. Beirut: Dar al-Kutub al-Ilmiyah - Mansyurat Muhammad Ali Baidhun, 1428 H / 2007 M.
  • Karaki, Ali bin Husain. Jami' al-Maqashid fi Syarh al-Qawa'id. Qom: Mu'assasah Al al-Bayt as, 1414 H.
  • Mughniyyah, Muhammad Jawad. Tafsir al-Kasyif. Teheran: Dar al-Kutub al-Islamiyah, 1424 H.
  • Muntazhari, Husain Ali. Dirasat fi Wilayah al-Faqih wa Fiqh ad-Daulah al-Islamiyah. Qom: Penerbit Tafakkur, 1409 H.
  • Naraqi, Ahmad bin Muhammad. Rasa'il wa Masa'il. Qom: Kongres Naraqiin (Mulla Mahdi dan Mulla Ahmad), 1422 H.