Menyang kontèn

Minggu Persatuan

Saka wikishia
Prangko Peringatan Minggu Persatuan, taun 1366 HS

Minggu Persatuan (هفته وحدت) yaiku wektu antarane 12 Rabiul Awal (dina ulang taun kelairan Nabi Muhammad saw) miturut panemune Ahlus Sunnah, nganti 17 Rabiul Awal (dina ulang taun kelairan Nabi Muhammad saw) miturut panemune wong Syiah. Minggu Persatuan wiwit diarani saumpama iku nalika taun 1360 Hijriyah Syamsiah, miturut usul saka Ayatullah Muntazeri lan wis dikonfirmasi dening Imam Khomeini.

Konferensi Internasional Persatuan Islam, saben taun dianakake dening Majelis Internasional Pendekatan Madzhab Islam ing Iran sajrone Minggu Persatuan.

Sajarah Pendekatan lan Persatuan Madzhab Islam

Artikel Utama: Pendekatan Madzhab Islam

Maksud saka pendekatan Madzhab Islam yaiku "nyedhakake para penganut Madzhab Islam kanthi tujuan kanggo gegayuhan lan saling mangerti... adhedhasar prinsip-prinsip lan kesamaan-kesamaan Islam sing wis ditetepake." [1] Gagasan iki wis dadi perhatian para ulama Islam Syiah lan Ahlus Sunnah wiwit biyen; nanging wiwit awal abad kaping 20 Masehi, para ulama kayata Jamal al-Din al-Afghani, Muhammad Abduh, Muhammad Husein Kashif al-Ghita, Abdul Majid Salim, Mahmud Shaltut, Muhammad Taqi Qomi lan Ayatullah Borujerdi wis mberi pacepatan kanggo gagasan iku.[2]

sawise Revolusi Islam Iran taun 1357 HS lan dibentukake Republik Islam Iran, kanthi usaha pimpinane, Imam Khomeini, gagasan pendekatan iku saya tambah nyebar.[3]

Penetapan Minggu Persatuan

sawise Revolusi Islam Iran, nalika taun 1360 HS, Ayatullah Montazeri ngajokake saran marang Menteri Penerangan wektu iku ing Republik Islam Iran liwat layang, supaya wektu antarane 12 Rabiul Awal (ulang taun kelairan Nabi Muhammad saw miturut panemune Ahlus Sunnah) nganti 17 Rabiul Awal (dina ulang taun kelairan Nabi Muhammad saw miturut panemune Syiah) diarani minangka Minggu Persatuan, kanggo koordinasi lan persatuan karo umat Islam liyane.[4] sawise iku, Imam Khomeini nganggo istilah iku nalika pidato ing tanggal 8 Dey 1360 HS, kanthi nyebut usulan kasebut.[5][6] Dhèwèké ngandhakaké sajeroning pidatoné: "Kita njerit supaya kabeh padha bebarengan, kudu ana Minggu Persatuan. Agama kita siji, Al-Quran kita siji, Nabi kita siji."[7]

Miturut laporan, usulan kaya mangkono uga wis ana sadurungé. Contone, nalika taun 1356 HS, Ayatullah Khamenei, nalika lagi diasingake ing Provinsi Sistan lan Baluchestan, ngajokake saran marang para ulama Sunni ing kana supaya nganakake acara perayaan sajrone wektu antarane 12 Rabiul Awal nganti 17 Rabiul Awal.[8]

Kedadeyan sing Gegandhengan

Acara panutup Konferensi Internasional Persatuan Islam kaping 32 nalika taun 1397 HS. Saben taun, sajrone Minggu Persatuan, kanggo tujuan solidaritas umat Islam lan tukar pikiran antarane para ulamane,[9] Konferensi Internasional Persatuan Islam dianakake ing Iran.[10]

Nalika taun 1369 HS, sawise dianakake kaping papat, miturut parintah Ayatullah Khamenei, pimpinan Iran, Majelis Internasional Pendekatan Madzhab Islam dibentuk. Tujuan saka majelis iki yaiku "ngunggahake tingkat kawruh lan kesadaran serta vertukan pemahaman antarane penganut Madzhab Islam...serta nguatake ikatan persaudaraan Islam antarane umat Islam."[11]

Cathetan Sikil

  1. "Tentang Majelis", Situs Web Majelis Dunia untuk Pendekatan Madzhab Islam.
  2. "Tentang Majelis", Situs Web Majelis Dunia untuk Pendekatan Madzhab Islam.
  3. "Tentang Majelis", Situs Web Majelis Dunia untuk Pendekatan Madzhab Islam.
  4. ["Saka usul Ayatollah Montazeri nganti larangan nyacat sahabat"], Situs ILNA.
  5. Imam Khomeini, Sahifeh Imam, 1389 HS, jilid 15, kaca 455.
  6. Imam Khomeini, Sahifeh Imam, 1389 HS, jilid 15, kaca 455, 456.
  7. Imam Khomeini, Sahifeh Imam, 1389 HS, jilid 15, kaca 456.
  8. ["Carita Sajarah: Kepiye Jeneng Minggu Persatuan Ditetepake?"], Situs Informasi Ayatollah Khamenei.
  9. ["Konferensi Internasional Persatuan Islam kaping 34"], Situs Web Majelis Dunia untuk Pendekatan Madzhab Islam.
  10. "Tentang Majelis", Situs Web Majelis Dunia untuk Pendekatan Madzhab Islam.
  11. "Tentang Majelis", Situs Web Majelis Dunia untuk Pendekatan Madzhab Islam.

Daftar Pustaka

Sumber